pembukaan Cupu Kiai Panjolo
tanggal 22 September 2014
[berlaku selama 1 tahun]
Kidul wetan ana klika kayu.
Kidul wetan ana gambar iwak laut.
Kidul wetan ana wujude sego aking.
Sisih wetan ana gambar pedang samurai.
Sisih wetan ana gambar telapak sikil gedhe.
Sisih wetan ana gambar naga ungkur-ungkuran marep mengalor lan mengidul.
Sisih wetan ana wujude kembang suket.
Sisih wetan ana angka 4, sisih kidul ndas sapi.
Sisih wetan ana gambar pitik babon marep mengidul.
sisih wetan kemule kotor.
sisih Kidul kulon ana wong wedok lemu madhep ngidul ngulon.
Sisih kulon ana gambar wong lanang ukuran dada munggah/setengah badan.
Sisih lor ana gambar bal/bola cacah loro,
Sisih lor ana wujud senar.
Sisih lor ana wujude pasir.
Sisih lor ana gambar atlit putri.
Sisih lor ana gambar huruf LP werna abang wujude.
Sisih lor kulon ana wujude godhong jati.
Sisih lor kulon ana angka 31.
Kemule seko wiwitan tekan sak protelon kemrisik garing.
Kemule nglemek tur resik.
Kemule 18 lembar garing, sing nglemek mung 1.
Kemule nglemek maneh selembar.
Kemule selembar trotol-trotol abang, mubeng.
Kemule sing tengah sisih wetan kulon kotor, sing elor lan kidul resik.
Tutupe peti sisih tengah bolong, yen tahun wingi bolonge ing iring wetan.
No comments:
Post a Comment